GURITAN Dening
: Heni Mujiati
NALIKA GRIMISE TEKA
Nalika grimise wis teka
Nelesi laladan kang
bawera
Diajab bisa mbanyoni
sawah kang katon telane
Murih bisa ana pametune
Kanggo nyukupi sandhang pangan kaluwarga
Nalika grimise wis teka
Nelesi dalan-dalan
ing kutha
Diajab ora bakal dadi udan deres
Kang marakake ati kekes lan pepes
Merga bakal ndadekake
wong-wong padha apes.
Komentar
Posting Komentar