Langsung ke konten utama

Guritan - WIS KUMLEBAT


Guritan

 WIS KUMLEBAT

Genderane wis kumlebat
Katon ngawe-awe katerak samirana
Abang ijo biru kuning uga putih
Kari milih endi sing edi
Peni kanggo sing lagi ngegar-egar ati
Dene manut sing lagi lara ati
Dadi sesawangan kang nyumpek-nyumpeki

Genderane wis kumlebat
Klebat-klebat nggawa amanat
Kanggo mulyakake awakira
Luwih-luwih awak mami
Kang dadi sejatine lampah

Genderane wis kumlebat
Kumlebat tumeka awiyat
Mangga sedulur sami aniyat
Amilah-amilih, endi sing bisa ngrumat lan kinurmat.

(Gedeg mojokerto,26 Februari 2019)



Komentar