GURITAN
WIS
Mesema aja mrenggut wae!
Mundhak gelis tuwa
Wis ,menenga aja nangis wae
Mundhak sesek jajanira
Anthenga aja polah
wae
Mundhak lungkrah angganira
Wis, lerena aja mlaku wae
Mundhak kesel sukunira
WIS....
Sirepa aja rame wae !
Mundhak swaramu mbrebegi
kuping
Tobata, aja nggawe dur angkara wae
Mundhak ilang amal
ira
Kabusek tetesing luh-luhing kawula alit
Kang tan kendhat ngupadi
Amrih mulyaning urip.
Komentar
Posting Komentar