CORONA
Apa kuwi?.........embuh!
Sapa kuwi ?........ora kenal!
Ning.... kok bisa ndadak kabeh wong padha
manut nurut sakabehe pituture
ora oleh lungguh cedhak-cendhak...manut
kudu nganggo masker......iya
ora oleh kumpul-kumpul ....nurut
la kok ora oleh mlebu sekolah barang........seneng malah.
Corona,
Apa lan sapa kuwi ?......
sing mesthi, dudu sanak dudu kadang
Ning kabeh manungsa kadungsangan marang dayane
Corona.......Pageblug!!
Kupang Jetis,9 Okt 2020
Komentar
Posting Komentar