Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2019

Guritan-Nalika Grimise Teka

GURITAN                                                                             Dening : Heni Mujiati NALIKA GRIMISE TEKA Nalika grimise wis teka Nelesi laladan kang  bawera  Diajab bisa mbanyoni sawah kang katon telane Murih bisa ana pametune Kanggo nyukupi sandhang pangan kaluwarga Nalika grimise wis teka Nelesi  dalan-dalan ing  kutha Diajab ora bakal dadi  udan deres Kang marakake ati kekes lan pepes Merga bakal ndadekake  wong-wong padha apes.                  ...

GURITAN - WIS

GURITAN WIS Mesema aja mrenggut wae! Mundhak gelis tuwa Wis ,menenga aja nangis wae Mundhak sesek jajanira   Anthenga aja polah wae Mundhak lungkrah angganira Wis, lerena aja mlaku wae Mundhak kesel sukunira WIS.... Sirepa aja rame wae ! Mundhak   swaramu mbrebegi kuping Tobata, aja nggawe dur angkara wae   Mundhak ilang amal ira Kabusek tetesing luh-luhing kawula alit Kang tan kendhat ngupadi Amrih mulyaning urip.

Guritan - WIS KUMLEBAT

Guritan   WIS KUMLEBAT Genderane wis kumlebat Katon ngawe-awe katerak samirana Abang ijo biru kuning uga putih Kari milih endi sing edi Peni kanggo sing lagi ngegar-egar ati Dene manut sing lagi lara ati Dadi sesawangan kang nyumpek-nyumpeki Genderane wis kumlebat Klebat-klebat nggawa amanat Kanggo mulyakake awakira Luwih-luwih awak mami Kang dadi sejatine lampah Genderane wis kumlebat Kumlebat tumeka awiyat Mangga sedulur sami aniyat Amilah-amilih, endi sing bisa ngrumat lan kinurmat. (Gedeg mojokerto,26 Februari 2019)